Karya: Fikri Yakher (Abdul Fikri Faqih, Anggota DPR RI dari PKS)
Laka sing pada ngarti
bisane Kang NurSholeh
ndisiti balik
gagiyanan
Kafa bilmaoti maoidhotan
Cukup mati kuwe nggo nein nasehat
sing niti kauripan
Sadurunge kodrah lurah Tegal
nyong ketemu sampeyan
Sawise kodrah ya nyong ketemu rika
nang warung Pian
Sing dadi wong liya
tapi panjenengan esih gelem ketemu,
atiku eram
Bisa dadi pejabat,
bisa dadi kanca debat
malahan gaya kaya sastrawan
Aku nembe ngerti
yen kekancan kuwe
ora mukur angger ana karep
karo liyan
Aku nembe sadar
yen kekancan kuwe
ora kena pedot
gegara beda pilihan
Kang Nur Sholeh lair batin
dunia akhirat kena dinggo bebrayan
Jasade wis dikubur
tapi nyawane esih bisa terus diajak kekancan
Muga muga Gusti Allah
kerso paring rahmat
kanggo wong kang ora pedot paseduluran
Mbayuh terus ndonga dinonga
ben mengko ketemu pada bareng
njaluk pitulungan
Amin.
23-8-2020
Pejagan – Pengadegan.